Omah Jawa
Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo Jawa.Biyene ing provinsi iki madeg kraton-kraton lan kadipaten - kadipaten kang kaloka saindenge Nusantara ,kayata Karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki.Nganti wektu iki isih akeh warisan keratonlan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisanne para leluhur.Warisane para leluhur iku wujude omah Jawa utawa kaprah diarani omah adat Jawa .
A.Jenis - Jenis Omah Jawa ,yaiku
1.Joglo(atap joglo)Wangunan kanthi saka guru lan empyak payon parang iring sarta molo siji ana tengah
2.Panggang pe
Omah kang payone mung sesisih.Biasane kanggo manggon sawetana
wektu utawa ora kanggo netep
3.Kampung
Omah kang payone pelana ,empyake rong iring,kiwa lan tengen kanthi ana ing tengah
4.Limasan
Omah kang payone wujud limas,empyak parang iring kanthi molo ana tengah
5.Tajug
Bangunan kanthi saka guru lan payon parang iring anangin tanpa molo dadi wujude lancip
B.Bagian - Bagian Omah Joglo
- Pendapa
- Pringgitan
- Dalem
- Senthong utawa Krobongan
Sumber: Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.Gegaran nyinau / basa Jawa 2 / kelas 12 SMA/SMK/MA https://www.arsitag.com/article/arsitektur-tradisional-omah-adat-jawa

Sangat bermanfaat
BalasHapus👍👍
BalasHapusBermanfaat
BalasHapus