Omah Jawa

 

Arsitektur Tradisional Omah Adat Jawa | Foto artikel Arsitag 
 
        Jawa Tengah mujudake salah sawiji saka limang provinsi ing pulo Jawa.Biyene ing provinsi iki madeg kraton-kraton lan kadipaten - kadipaten kang kaloka  saindenge  Nusantara ,kayata Karaton Surakarta Hadiningrat kang isih meger-meger nganti saiki.Nganti wektu iki isih akeh warisan keratonlan kadipaten kang tetep diuri-uri minangka warisanne para leluhur.Warisane para leluhur iku wujude omah Jawa utawa kaprah diarani omah adat Jawa .

A.Jenis - Jenis Omah Jawa ,yaiku

     1.Joglo(atap joglo)
       Wangunan kanthi saka guru lan empyak payon parang iring  sarta molo siji ana tengah
     2.Panggang pe
        Omah kang payone mung sesisih.Biasane kanggo manggon sawetana
 wektu utawa ora kanggo  netep
     3.Kampung
         Omah kang payone pelana ,empyake rong iring,kiwa lan tengen kanthi ana ing tengah
     4.Limasan
          Omah kang payone wujud limas,empyak parang iring kanthi molo ana tengah
     5.Tajug
           Bangunan kanthi saka guru lan payon parang iring anangin tanpa molo dadi wujude lancip

B.Bagian - Bagian Omah Joglo

  • Pendapa 
          Bagian ngarepan omah Joglo sing nduweni panggonan jembar tanpa sekat-sekat,biasane digunakake kanggo panggonan pasamuan gedhe
  • Pringgitan
          Bagian antarane pendhapa lan omah dalem,pringgitan biasane digunakake kanggo ruang tamu
  • Dalem
          Panggonan kanggo ngaso kaluwarga 
  • Senthong utawa Krobongan
          Ruangan istimewa fungsi utamane kanggo ngaso,kanggo nyimpen maneka wujud pusaka piranti aji liyane,nindakake ngibadah,lan ruangan iki nuduhake yen manungsa tansah eling marang gusti  kang paring kanugrahan


Sumber: Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.Gegaran nyinau / basa Jawa 2 / kelas  12 SMA/SMK/MA  https://www.arsitag.com/article/arsitektur-tradisional-omah-adat-jawa

  

Komentar

Posting Komentar