Tembang Macapat Pangkur

(Srawung Karo Sasama)

               Serat Wedhatama iku anggite Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sawa wae sing maca.

A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur

Pangkur

Mingkar mingkur ing angkara

Akarana karenan mardi siwi, 

Sinawung resmining kidung,

Sinub sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,

Kang tumrap ing tanah Jawa,

Agama ageming aji.

B. Guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur

     Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).

     Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.

     Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.

     Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8.

     Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur

     Tembang pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah  sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehe kaya ngisor iki.

Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/

8a

A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/

11i

Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/

8u

Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/

7a

Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/

12u

Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/

8a

A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/

8i

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar