Sinom
A.Tembang Sinom
Pupuh Sinom ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 18 pada(bait).Sapada tembang sinom kiwa iki kawiwitan saka tembung 'nuladha'n tekan tembung 'sasama'
Sinom
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tanpa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing
sesama
B.Guru gatra,guru wilangan,guru lagu tembang sinom
- Guru gatra yaiku wewaton cacahing larik saben sapada.Guru gatrane saben papada tembang sinom ana 9.
- Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhing e swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra.Guru lagune tembang sinom yaiku a,i,a,i,i,u,a,i,a
- Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda(suku kata) saben sagatra (larik).Dadi guru wilangane tembang sinom 8,8,8,8,7,8,7,8,12
C.Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Sinom
Tembang sinom iku kudu dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe sangang gatra.Gatra sepisan,gatra kapindho,lan sapiturute kabeh ana aturane.Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku,tegese dudu tembang Sinom.Jlentrehe kaya ngisor iki.
Nu/la/dha/la/ku/u/ta/ma
8a
8a
Tu/mrap/ing/wong/ta/nah/ja/wi
8i
8i
Wong/a/gung/ing/Ngek/si/gan/da
8a
8a
Pa/nem/ba/han/se/no/pa/ti
8i
8i
Ke/pa/ti/a/mar/su/di
7i
7i
Su/da/ning/ha/wa/lan/nep/su
8u
8u
Pi/ne/si/ta/pa/bra/ta
7a
7a
Ta/na/pi/ing/si/yang/ra/tri
8i
8i
A/ma/ma/ngun/kar/ye/nak/tyas/ing/se/sa/ma
12a
12a
Sumber:Suyitno-L.Yuyun Dian Susanti-Irawan H.G. Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
Sangat bermanfaat
BalasHapus